OJO SEPELEKAN VIRUS CORONA YO REK!

Posted by

OMONGANE KASAR TAPI BENER......!

Iki edaran soko Suroboyo...

*Dulur Dulur Arek Suroboyo*

⚠️ JANGAN SEPELEKAN VIRUS CORONA ⚠️

Koen gak peduli Corona iku urusanmu. Koen mati, iku yo urusanmu. Tapi nek koen kenek Corona, sing susah wong akeh. Sing terdekat awakmu berpotensi kenek juga, wes pirang wong iku. Belum ngko pas wayahe dirawat.

Emang mbok pikir Nek dirawat langsung melbu bludus, trus turu enak, diobati, trus waras? Ndaassssmuuuu!

Prosedur e akeh. Dan ruangan e pun gak sembarangan. Yakin ta pas iku terjadi dan kenek awakmu koen bakal diopeni enak-enakan? Preketek!

Iki lho contoh e, Italia sing alat dan SDM e lumayan apik ae kelimpungan Sampek milih Endi sing Iso diramut, endi sing dijarno MATEK.  Soale jumlah pasien positif Corona dengan daya tampung dan Tenaga kesehatannya tak seimbang. Iki Italia lho... Ndanio iki ngko Nang kene, sing sembarang kalire serba pas-pasan. Iyo nek pas koen diramut. Lha nek dijarno MATEK, gelem koen?

Ojok sombong koyok kebal-kebalo ae. Paling Nek kenek yo bingung njaluk Urip, padahal Saiki ae koyok seolah-olah gak ngarah Matek. Telekkkk...

Aku sing kerjo Embongan bendino ketemu wong sing sembarang kalir ngene lho Wedi. Makane gowo hand sanitizer, teko langsung Adus, sering ngumbah tangan. Ngono ae sek Wedi kenek. Bukane aku pengecut, aku Nek kenek (Mugi ae enggak) sing susah Yo Kabeh. Dan jelas aku Moh kenek. Makane aku usaha. Nek koen gak gelem usaha, Yo urusanmu. Nek Matek Yo koen Dewe sing ngrasakno. ngono ae Kok repot....

Gerakan Cuci Tangan....Selalu Pake Masker & Jaga Jarak dgn orang laen

Ttd
 *Lurah Dargombes* 
 _*Arek Soeroboyo asli !!!*_

Sumber WAG


FOLLOW and JOIN to Get Update!

Social Media Widget SM Widgets




Tips dan Cara Updated at: March 22, 2020

0 komentar:

Post a Comment

Powered by Blogger.